Kupas Tuntas Bab Pawarta : Berita Bahasa Jawa

Pawarta

yaiku cerita ngenani kedadean ing kang nembe ing tengah masyarakat.

Sifat-sifat Pawarta,

  1. Aktual, nembe kedadean utawa anyar.
  2. Nyata/Faktual, bener kaanane.
  3. Objektif, tertuju ing salah sijining benda utawa objek.
  4. Bahasane lugas/tegas, gampang dimangerteni.
  5. Narik kawigaten, menarik pembaca/masyarakat.
  6. Berita/informasine komplit utawa jangkep.
  7. Cekak aos, ora dowo-dowo ning isine cukup.

Media Pawarta

ana werno loro yaiku saka media tulisan lan lisan.

Jenis Pawarta saka sumber

  1. Ngrambyang, yaiku pawarta kang isine arupa opini utawa argumen saka penulis.
  2. Nyata, yaiku pawarta kang isine faktual.

Ciri-ciri Pawarta :

  1. Narik kawigaten
  2. Faktual
  3. Aktual
  4. Dipublikasi

Unsur-unsur Pawarta : (5W1H)

  1. what? apa
  2. Why? Kenapa
  3. When? Kapan
  4. Where? Nangendi
  5. Who? Sapa
  6. How? Jalaran

Unsur-unsur Instrinsik ing Pawarta yaiku :

  1. Tema
  2. Latar, wektu, panggonan
  3. Amanat
  4. Penokohan/watak
  5. Sudut pandang
  6. Alur
  7. Paraga / tokoh
  8. Gaya bahasa

Teknik Penulisan Pawarta

miturut Sudarman menika pawarta migunaake 3 teknik yaiku :
  1. Teknik Deskripsi, yaiku teknik penulisan pawarta kanthi cara nggambarake apa kang diwataake. Ing teknik niki kaya-kaya penulis pawarta melu langsung ana ing kedadean. Tuladhane : Pawarta Kegiatan Orientasi Sekolah, Pawarta babagan weruh kedadean kecelakaan.
  2. Teknik Narasi, yaiku teknik penulisan pawarta kanthi pola dasar crita wong liya, biasane ditulis nganggo ukara langsung saking narasumber pawarta saka kasil wawancara.
  3. Teknik Eksposisi, yaiku  teknik penulisan pawarta kang dikhanteni (ditulis) kiasan (makna kiasan) saka penulis supaya pawartane luwih narik kawigaten.

Struktur Pawarta

Dene struktur pawarta iku diibaratke, sing mbangun ngadeg amarga ana cangkorongan (kerangka). Pawarta nduweni struktur kang digunake kanggo pedoman nalika nulis pawarta. Struktur pawarta yaiku :
  1. Irah-irahan/Judul/Headline, tujuane kangem narik kawigaten kala pamaos/pemirsa, nyimpulake isi pawarta, lan biyantu/membantu nemuake layang kabar berita.
  2. Baris tanggal/Dateline, tujuane kagem nuduhake papan/tempat, jenenge media, inisial media, wektu lan uga tanggal pawarta.
  3. Teras Pawarta/Lead, yaiku minangka ringkasan pawarta perangan (bagian) iki penting kanggo mbiyantu para pamaos nemuake isi pawarta. Lead dikembangake dening unsur-unsur pawarta 5W1H.
  4. Awake Pawarta/Body Berita, isine fakta lan data kang disuguhake ana ing lead (petikan). Penyajian body pawarta yaiku,
    1. Piramida, kasusun saka perangan sing kurang penting nganti paling penting.
    2. Kronologis, kawiwitan (dimulai) saka paparan nganti rampung.
    3. Piramida kuwalik, kasusun urut saka perangan penting nganti kurang penting.
    4. Black Paragraph, perangan iki paragraf kang dianggep penting.

Related Posts

Subscribe Our Newsletter